Rabu, 02 April 2014

Ratih TV, dari Anak Emas Jadi Anak Pungut.

Jebul ya angel lho benah-benah Ratih TV. Kadung mula bukane dadi televisi anak emas. Lha kok sikine dadi anak pungut. Karepe ya didol bae. Ning ndilalah, statuse wis ningkat dadi Lembaga Penyiaran Publik Lokal (LPPL) Televisi. Nek arep diswastakan ya ora olih nang undang-undang.
Kepriye maning, wong anane pancan kaya kuwe.
Mekiki daya pancare mung 1400 watt, nang kota Kebumen bae ora nangkep jelas. Bareng diotak-atik teknisine, dimodali kurang luwih Rp 5 juta, eh wis lumayan bisa ningkat dadi 2000 watt. Nang Kutowinangun bisa nangkep, senajan gambare isih kepyur pada karo gambare TVRI Jawa Tengah. Jare teknisine, tesih ana pemancar maning sing bisa ditambahna men dadi 4000 watt. Ning ya kuwe kudu ditukokna combiner, regane kurang luwih Rp 10 juta. Merga nang anggarane durung ditulis, ya mengko lah sing sabar disit, nunggu perubahan APBD disetujoni DPRD. Nek arep igah iguh anggaran, direkture ya ora wani.
Mengkono uga nggo ningkatna mutu siaran lan nambah jam tayang. Ujarkua sih tanggal 1 April 2014 wis bisa siaran 7 jam, wiwit jam 13.00 ngasi jam 20.00 men mandan patut minangka LPPL Televisi. Jebal-jebul ya ora gampang nyusun ingsine tayangan. Nek mung diisi rekaman lagu-lagu campur sari apa dene video klip sih ya gampang. Ning ya mboseni lah, terus penontone ya mlayu dhewek-dhewek.
Arep ngisi acara Berita Kebumen sing luwih "nyokot" bae ya isih angel koh. Jajal disimak. Saben-saben beritane dibukak nganggo ukara klasik; "Bupati Kebumen membuka acara......".
Utawane, "Wakil Bupati Kebumen menghadiri acara.......". Miturut ilmu jurnalistik, informasi kaya kuwe ora ngemu nilai berita utawa "news value". Dadine ya kurang pas nek diarani siaran berita.
Ya, puluh-puluh, sanga tambah siji. Karepe monoa LPPL televisi kudu bisa "isi siaran tetap berorientasi pada kepentingan publik". Para sedulur maklum sit lah ya, ketone pegelola agi golet wangsit nggo mbenahi manajemen LPPL Ratih TV Kebumen. Dongakna bae ya men tetep lancar memancar, mbagi kabar nggo Kebumen sing luwih moncer. (Kholid Anwar)

3 komentar:

  1. Nyuwun sewu pak numpang ngewei saran go ratih tv men mandan tenar maning . Saurunge y ngapurane nek ana kata sing salah . Kaya kiye pak . Ndeleng ratih tv kuwe ngabung maning karo sctv kaya mbiyen agi tembe anyar anyare mentu tv bumen . Minangka nek gabung karo SCTV pak q sih yakin ratih kuwe bisa tenar maning kaya mbiyen jamane agi bukak . Alesane kaya kiye pak :
    1. Neng bumen kuwe ngolet sinyal tv kuwe anggel minangka nek. Ratih gabung karo sctv . Masrakat kuwe pada lomba lomba ngoleti sinyal ratih minangka ngarep tayangane bukake SCTV bumen sing edek pemancare meski li ngoleti antenane di puter puter nganti rep ambruk men ulih sinyale sctv bumen ( ratih tv )
    2. Kuwe pada bae karo ngeksisna ratih tv maning . Nengapa ora wong sing wis mrogram2 tvne men ulih SCTV saka chanele ratih tv gelem r gelem y nonton ratih nek agi jam tayang .
    3. Nek wis akeh pemirsane mesti pak akeh wong sing pada ngiklane produke meng ratihh tv nengapa ora wong akeh sing nonton apa maning ky enyong senenge berita kebumen karo acarane sctv .
    4. Ora usah kakean neko2 nambah jam tayang disit sa urunge pemancare kuwe bisa tekan kabupaten tanggane mung buang 2 duit thok acarane r berkualitas ampune y penontone y malah pada kabur wong acarane kaya kuwe maning kaya maning booseen .
    5. Mlaku alon alon sing penting klakon y kuwe miki acare ratih esuk jam 06.00-08.00 sore 16.00-18.00 sing penting gabung karo sctv disit go mentenarna ratih tv maning men akeh penontone .ye pak ndsit pak agi anyar2re ratih gabung karo sctv. nang daerahku puring pak yakin temen wong pada muter2 antena men enthuk sctv bumen kuwe kan bukti. Lah siki delengna gabung karo tvri sedangkan tvri rata2 r na sing nonton kaya nyong dewek be bebeh lah. kepriwen ratih ora terpuruk sing garep ngiklan neng ratihh y pada bebeh wong r na sing nonton . Kuwe kaya kuwe pak . Mbok bapake krja neng ratih tulung di pertimbangna usulanku kiye . Kiye mung saran tapi kaya kuwe kenyataane sing terjadi nang daerahku khususe puring . Dhisit sing duwe tv mesti nyaut ratih tv siki pak blass ora ana siji2 sing ngarepna ratihh . Walaupun nyaut kaya ngonku be kemresek sapa sing arep nonton padahal mbiyen jan tv ne sapa sing r nyaut ratih tv pas gabung karo sctv . Wis gambare jelas esih isa nonton sctv plus ratihh saiki boro2 .

    BalasHapus
  2. Tambahan maning pak nek ratih tv daya pancare wis luas pakk tekan endi ora . Ora kangelen mromosikna pariwisata ne kebumen . Bumen pariwisatane jos jos ko . Tingal di poless dkit pemasukan apbd kebumen jadi nambah ujung ujunge yo go pembiayaan dan pengadaan pemncar ratih sing asale kan apbd . Q yakin lah. Setelah bergabung lagi karo sctv akeh keuntungane go ratihh ketimbang eleke. Kaya suwuk ndisit wong arep meng nganah be pada bebeh seteleh di poles shitik gawekna pintu gerbang thokk behh pengunjunge ngantekk ewon ewon mlh q mca neng internet pemasukan terbesar kan pariwisata neng kebumen di duduki neng pantai suwuk . Kuwekan wis mbuktikna juga . Kurang bukti apa y r pak? iya baelah y pak hehehe

    BalasHapus
  3. Kang Farhan Pradana;
    Nang kono masalahe; jaman gabung karo SCTV mbiyen statuse tesih ilegal, durung ana undang-undang penyiaran. Siki nek arep gawe lembaga penyiaran televisi pilihane ya mung swasta apa LPP; nasionl apa lokal. Merga Rtih TV dibangun nganggo APBD, kuwe dadi aset pemda. Aturane ya kudu dadi Lembaga Penyiaran Publik Lokal Televisi. Ijine nganggo chanel 47 UHF, misine tetap "mengutamakan kepentingan publik", berarti kudu bersikap independen, dan pengelolaan kudu mandiri kaya dene TVRI. Senajan pemda isih wajib memberi subsidi lewat APBD, kaya dene TVRI tetap dibiayai APBN, pancen ya olih nampa iklan. Masalahe kari ngatur SDM sing statuse PNS karo sing freelance, perlu perbup lan SK bupati sing jlimet. Kejaba kuwe, political will pemangku kepentingan luwih nentokna, Ratih arep kon maju apa arep dijorna mung dadi "museum televisi lokal" tinggalane Bu Rustri.

    BalasHapus