Selasa, 14 Januari 2014

RSUD Kebumen Dipaksa Boyong, Pasien Tambah Lara Ya Men!

Maket gedung baru RSUD Kebumen sing mewah alias mepet sawah
Pelayanan rawat jalan nang Rumah Sakit Umum Daerah (RSUD) Kabupaten Kebumen per 15 Januari 2014 kudu wis pindah nang gedung anyar, Jalan Raya Lingkar Selatan kulon terminal bus Kebumen. Senejan fasilitase durung lengkap, ning mbuh kepriben critane, ndadak ana prentah sing sifate meksa tanggal kuwe pelayanan rawat jalan wis boyongan.
Sawah bermasalah nang latare gedung anyar RSUD

Ngepasi tanggal abang dina libur peringatan Maulud Nabi Muhammad SAW 14 Januari 2014, kabeh karyawan lan dokter karo jajaran direksi keton pada kemetig nganakna slametan. Nang ruang ngarepan panggonan tunggu pasien dianakna doa bersama, dipimpin Pak Kiai sing ngawiti niat nyuwun slamet olihe boyongan. Mergane, mungguh Pak Kiai, arep miwiti mbangun yang apike dikanteni donga nyuwun slamet. Lha apamaning arep manggon nang panggonan anyar. Mulane ya kudu dongga nganggo wacan asma'ul husna.
Pelayanan UGD tesih nang RSUD lawas

Nang sandinge wong sing ndonga, petugas liya keton tesih sliweran ngangkuti barang-barang boyongan sekang gedung RSUD lawas cedek stasiun sepur Kebumen. Panggonan lawas kuwe sikine ya tesih dinggo nglayani pasien rawat inap. Tumrape para petugas kesehatan, boyongan kiye pancen mbingungi. Rencanane sasi Mei olihe pindahan. Jebul ana prentah ndadak, tanggal 15 Januari kudu wis boyong. 
Tesih ngotong-otong abrag-abrag
Dadine mengko nek ana pasien rawat jalan, teka nang RSUD anyar, diperiksa terus kudu dirawat ya langsung diangkut ambulan selehna nang RSUD lawas. Sebalike, nek ana pasien rawat inap nang bangsal gedung RSUD lawas kudu periksa laboratorium, ronsen, fisioterapi, apa dene pemeriksaan liya sing kudu nganggo alat-alat, ya kepeksa diotong-otong mengaring gedung anyar. 
Pokoke ya ribet lah. Apamaning nek ndeleng kesiapan panggonan saben-saben poli. Contone poli gigi, pasien arep nembel untu ya kudu sabar disit. Mergane alat-alat sing kudu dipasang mbutuhna wektu suwe. Pasien sing butuh fisioterapi alate yang durung bisa murub merga listrike durung stabil.
Kondisi listrik sing durung stabil kuwe, ngasi wingi urube tesih kedip-kedip. Lha nek perlatan kesehatan sing regane atusan juta
Didongani nganggo Asmaul Husna
rupiah uga dipeksa dicolokna, sedilit bae jebol. Padane mengko ana pasien arep nambakna penyakite mara nang RSUD anyar ning tekan kana dokter ora bisa nambani merga alat-alate durung bisa murub kabeh, ya jejel gari dideleng baen. Apa enggane ya kene arep melu-melu nyuraki; pasen tambah lara ya men! Ketone kok ora pantes temen. Ning ya lha wong kaya kuwe sing dikarepna karo penguasane kabupaten, nek petugas yang wajibe nglayani pasien arep protes, bisa-bisa mung dijawab nylekit; "Insya Allah aku sing ngerti karepmu!" Apa ora blai enggane? (Kholid Anwar)  


3 komentar:

  1. waduh... kepriben kuwe kang. pindahan rumah sakit kok kaya kuwe. pasiennya aja nganti sengsara banget ya.. melas temen... kira-kira karepe pa yaa...

    BalasHapus
  2. Pasien sing kudune dilayani nganggo alat-alat elektronik mung dilombo, alate ora bisa maksimal mergane strume listrik durung bisa murub....

    BalasHapus
  3. Deneng Kaya Kuwe sih..Insya Allah di gawa-gawa terus tok... (Ning ya lha wong kaya kuwe sing dikarepna karo penguasane kabupaten, nek petugas yang wajibe nglayani pasien arep protes, bisa-bisa mung dijawab nylekit; "Insya Allah aku sing ngerti karepmu!" )

    BalasHapus