Jumat, 07 Februari 2014

Milih Kanca Lawas Nyaleg Hukume Wajib?

Apa enggane nek ana kanca lawas nyaleg, hukume wajib milih deweke ya? Kuwe pitakonan nang njero ati. Gara-garane ya pas Setu esuk 8 Februari 2014, Pak Doktor H Bambang Sadono SH MH ujug-ujug rawuh nang Ratih TV Kebumen, ngisi acara Dialog Khusus jam 7-8. Direksi Ratih TV awale ya mandan mangu-mangu mbok menawane disalahna. Maklum, Pak BS kuwe politisi Partai Golkar sing sikine dadi Wakil Ketua DPRD Jawa Tengah.
Kebener siki uga agi nyalon maning dadi anggota DPD (Dewan Perwakilan Daerah). Aja-aja Ratih TV nggo kampanye!
     Lha wong inyong anu dasare dicatet dadi anggota Dewan Pengawas LPPL Ratih TV, ya kudu melu tanggung jawab nggo memastikan isi siaran tetap berorientasi pada kepentingan publik. Mangkane tema dialog kudu netepi relevansi lan jumbuh karo kapasitas narasumber. "Penguatan Kapasitas LPPL sebagai Media Pendidikan Berkarakter".
     Ketone pancen dadi klop lah. Malah panjenengane muji langkah Pemkab Kebumen sing wani nganani LPPL televisi, nggo ngakeh-ngakehna warta sekang Jawa Tengah bagian kidul. Kesenian-kesenian daerah uga bisa luwih akeh disiarna, nek perlu mbareng gawe karo TVRI Jawa Tengah. Sing genah Pak BS rumangsa mongkog anane Ratih TV wis duwe izin siaran tetap minangkane lembaga penyiaran publik lokal televisi, siji-sijine LPPL nang Jawa Tengah, malah kepara siji-sijine LPPL duweke Pemda sing ana nang Indonesia. Moga-moga Ratih TV dadi conto daerah liya nggawe LPPL televisi.
    Rampung siaran inyong ya nyalami. Jebul panjenengane ya tesih kelingan jaman tahun 1983 ketemu nang UNNU Solo. Wektu kuwe Pak BS ceramah selaku ketua Keluarga Penulis Semarang (KPS), tesih dadi redaktur tamu rubrik sastra Minggu Ini koran Suara Merdeka. Awit wektu kuwe inyong nduwe cita-cita dadi penulis. Seorane ya pancen wis keleksanan, dadi wartawan Wawasan awit 1986 ngasi "tobat" tahun 2010.
     Lha sikine arep ngapa maning jel! Pas Pak BS nerusna acara kampanye nang daerah Alian, inyong di-SMS; "Dibantu ya pencalonan DPD saya!". Spontan inyong ya njawab: "Insya Allah aku sing ngerti karepmu!" Ning ya karo mbatin, apa enggane mengko tanggal 9 April 2014 inyong sekeluarga ya kudu nyoblos calon anggota DPD Jawa Tengah nomor 6 Pak BS kiye? Ngelingi sejarah kaya kuwe mau, maene kepriben ya kira-kira? Nang biodatane Pak BS ketone tharik-tharik banget; lahir di Blora 30 Januari 1957, lulus S1 (1983), (S2 (1991), S3 (2009) Fakultas Hukum Undip. Wakil Pemimpin redaksi Suara Merdeka (1989-1997), Pemimpin Redaksi Suara Karya (1999-2004), Ketua PWI Jateng (1992-1998), Sekjen PWI Pusat (1998-2003), Anggota DPR RI (1997-2009), Wakil Ketua DPRD Jateng (2009-2014), Ketua Partai Golkar Jateng (2004-2009), Ketua Dewan Kesenian Jateng (2007-2011). Kegiatannya sekarang juga mengajar di Program Magister Hukum Universitas Semarang (SDM) dan Program Magister Komunikasi di Fisip Undip.
     Rasane dadi bingung loh, milih apa ora ya maene? Ah, rika kabeh ngerti mbok lah karepku?
(Kholid Anwar)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar